hadisetyono

Posts Tagged ‘Kitab Musasar’

Ramalan Jayabaya – Lanjutan

In kitab musasar jayabaya on May 29, 2008 at 10:22 am

Jangka Jayabaya

Keadaan era menjelang kedatangan satrio Pandito Sinisihan Wahyu bisa dilihat pada bait 140 ke atas dari ramalan jayabaya. Prabu Jayabaya merupakan buah cinta dari kisah romantis Raden Panji Inukertapati dan Dewi Galuh Chandra Kirana, yang memerintah Kerajaan Kediri sekitar tahun 1135 sampai dengan tahun 1159.Isi ramalan tersebut adalah sebagai berikut:

140.
polahe wong Jawa kaya gabah diinteri

endi sing bener endi sing sejati
para tapa padha ora wani
padha wedi ngajarake piwulang adi
salah-salah anemani pati

tingkah laku orang Jawa seperti gabah ditampi
mana yang benar mana yang asli
para pertapa semua tak berani
takut menyampaikan ajaran benar
salah-salah dapat menemui ajal
Penafsiran: Tingkah laku orang jawa tidak berarti seperti gabah ditampi, bercampur-baur tidak ada yang bisa dipegang, mana yang benar mana yang asli sulit untuk ditemui. Para pertapa semua tidak berani dan takut menyampaikan ajaran yang benar, karena takut akan kekuasan pemerintah, dan takut akan menemui ajal jika menyampaikan ajaran yang benar.
 

 

141.
banjir bandang ana ngendi-endi

gunung njeblug tan anjarwani, tan angimpeni
gehtinge kepathi-pati marang pandhita kang oleh pati geni
marga wedi kapiyak wadine sapa sira sing sayekti

banjir bandang dimana-mana
gunung meletus tidak dinyana-nyana, tidak ada isyarat dahulu
sangat benci terhadap pendeta yang bertapa, tanpa makan dan tidur
karena takut bakal terbongkar rahasianya siapa anda sebenarnya
Penafsiran: banyak terjadi bencana alam, banjir bandang dimana-mana, gunung meletus tanpa diminta, tanpa isyarat terlebih dahulu, masyarakat membenci pendeta yang bertapa, karena takut akan terbongkar rahasia sebenarnya siapa dirinya.
 

 

142.
pancen wolak-waliking jaman

amenangi jaman edan
ora edan ora kumanan
sing waras padha nggagas
wong tani padha ditaleni
wong dora padha ura-ura
beja-bejane sing lali,
isih beja kang eling lan waspadha

sungguh zaman gonjang-ganjing
menyaksikan zaman gila
tidak ikut gila tidak dapat bagian
yang sehat pada olah pikir
para petani dibelenggu
para pembohong bersuka ria
seuntung-untungnya yang lupa,
masih beruntung yang ingat dan waspada
Penafsiran: Zaman ini zaman yang penuh dengan gonjang-ganjing, menyaksikan zaman gila. Jika tidak ikut gila tidak dapat kebagian, yang sehat pada berolah fikir, para petani dibelenggu tidak bisa leluasa, para pembohong bersuka ria, Namun yang menjadi kehendak ilahi adalah keberuntungan selalu berfihak kepada mereka yang selalu ingat kepada Allah dan waspada terhadap keadaan dirinya.
 

 

143.
ratu ora netepi janji

musna kuwasa lan prabawane
akeh omah ndhuwur kuda
wong padha mangan wong
kayu gligan lan wesi hiya padha doyan
dirasa enak kaya roti bolu
yen wengi padha ora bisa turu

raja tidak menepati janji
kehilangan kekuasaan dan kewibawaannya
banyak rumah di atas kuda
orang makan sesamanya
kayu gelondongan dan besi juga dimakan
katanya enak serasa kue bolu
malam hari semua tak bisa tidur
 
 

 

penafsiran: pemimpin bangsa tidak menepati janji (terjadi pada era megawati), kehilangan kekuasaan dan kewibawaannya,  banyak mobil berkeliaran, manusia makan manusia, banyak terjadi penebangan hutan liar dan penambangan besi, dijual untuk kepentingan sendiri, malam hari tidak bisa tidur karena takut ketahuan tingkah lakunya.

144.
sing edan padha bisa dandan

sing ambangkang padha bisa
nggalang omah gedong magrong-magrong

yang gila dapat berdandan
yang membangkang semua dapat
membangun rumah, gedung-gedung megah

penafsiran: yang gila bisa menghias diri, yang menolak aturan yang benar pada bisa membangun rumah dan gedung-gedung bertingkat.

145.
wong dagang barang sangsaya laris, bandhane ludes
akeh wong mati kaliren gisining panganan
akeh wong nyekel bendha ning uriping sengsara

orang berdagang barang makin laris tapi hartanya makin habis
banyak orang mati kelaparan di samping makanan
banyak orang berharta namun hidupnya sengsara
penafsiran : yang berdagang barang makin laris, tetapi hartanya makin habis, karena nilai barang dan uang tidak sepadan, banyak orang mati yang kelaparan di samping makanan yang ada, karena pangan tidak tersebar secara merata, banak orang yang berharta, tetapi hidupnya sengsara, karena hidupnya tidak diatas nilai-nilai kebenaran.
 

 

146.
wong waras lan adil uripe ngenes lan kepencil

sing ora abisa maling digethingi
sing pinter duraka dadi kanca
wong bener sangsaya thenger-thenger
wong salah sangsaya bungah
akeh bandha musna tan karuan larine
akeh pangkat lan drajat padha minggat tan karuan sebabe

orang waras dan adil hidupnya memprihatinkan dan terkucil
yang tidak dapat mencuri dibenci
yang pintar curang jadi teman
orang jujur semakin tak berkutik
orang salah makin pongah
banyak harta musnah tak jelas larinya
banyak pangkat dan kedudukan lepas tanpa sebab

penafsiran: orang yang waras dan adil hidupnya memprihatinkan dan terkucil, yang tidak bisa mencuri dibenci, yang pinter curang jadi teman, yang benar akan geleng-geleng kepala, orang salah akan senang, banyak harta yang hilang tidak karuan larinya, banyak pangkat dan derajat pada hilang tidak karuan sebabnya.

147.
bumi sangsaya suwe sangsaya mengkeret

sakilan bumi dipajeki
wong wadon nganggo panganggo lanang
iku pertandhane yen bakal nemoni
wolak-walike zaman

bumi semakin lama semakin sempit
sejengkal tanah kena pajak
wanita memakai pakaian laki-laki
itu pertanda bakal terjadinya
zaman gonjang-ganjing

penafsiran: bumi semakin lama semakin sempit, karena sudah banyak penduduk dan banyak tempat tinggal, sejengkal bumi diberi pajak, perempuan pada memakai pakaian laki-laki, hal itu pertanda akan menemui zaman yang terbolak-balik nilainya.

148.
akeh wong janji ora ditepati

akeh wong nglanggar sumpahe dhewe
manungsa padha seneng ngalap,
tan anindakake hukuming Allah
barang jahat diangkat-angkat
barang suci dibenci

banyak orang berjanji diingkari
banyak orang melanggar sumpahnya sendiri
manusia senang menipu
tidak melaksanakan hukum Allah
barang jahat dipuja-puja
barang suci dibenci
penafsiran: banyak yang berjanji tetapi tidak ditepati, banyak orang yang melanggar sumpahnya sendiri, manusia pada seneng mengambil yang bukan haknya, tidak bertindak berdasarkan hukum Allah, hal yang jahat dipuja-puja, hal yang suci dibenci.
 

 

149.
akeh wong ngutamakake royal

lali kamanungsane, lali kebecikane
lali sanak lali kadang
akeh bapa lali anak
akeh anak mundhung biyung
sedulur padha cidra
keluarga padha curiga
kanca dadi mungsuh
manungsa lali asale

banyak orang hamburkan uang
lupa kemanusiaan, lupa kebaikan
lupa sanak saudara
banyak ayah lupa anaknya
banyak anak mengusir ibunya
antar saudara saling berbohong
antar keluarga saling mencurigai
kawan menjadi musuh
manusia lupa akan asal-usulnya

penafsiran: banyak orang yang mengutamakan pemborosan harta

lupa akan kemanusiaan, lupa akan kebajikan
lupa saudara lupa sanak
banyak ayah lupa akan anaknya
banyak anak tidak mengakui ibunya
sesama saudara pada cidera
keluarga pada curiga
teman jadi musuh
manusia lupa asalnya
 
 

 

 

Ramalan Jayabaya Musarar

In kitab musasar jayabaya on December 28, 2007 at 9:12 am

Jayabaya Prophecy

Kitab Musarar inganggit
Duk Sang Prabu Jayabaya
Ing Kediri kedhatone
Ratu agagah prakosa
Tan ana kang malanga
Parang muka samya teluk
Pan sami ajrih sedaya

Milane sinungan sakti
Bathara Wisnu punika
Anitis ana ing kene
Ing Sang Prabu Jayabaya
Nalikane mangkana
Pan jumeneng Ratu Agung
Abala para Narendra

Wusnya mangkana winarni
Lami-lami apeputra
Jalu apekik putrane
Apanta sampun diwasa
Ingadekan raja
Pagedhongan tanahipun
Langkung arja kang nagara

Maksihe bapa anenggih
Langkung suka ingkang rama
Sang Prabu Jayabayane
Duk samana cinarita
Pan arsa katamiyan
Raja Pandhita saking Rum
Nama Sultan Maolana

Ngali Samsujen kang nami
Sapraptane sinambrama
Kalawan pangabektine
Kalangkung sinuba suba
Rehning tamiyan raja
Lan seje jinis puniku
Wenang lamun ngurmatana

Wus lengah atata sami
Nuli wau angandika
Jeng Sultan Ngali Samsujen
“Heh Sang Prabu Jayabaya
Tatkalane ing sireku
Kandhane Kitab Musarar

Prakara tingkahe nenggih
Kari ping telu lan para
Nuli cupet keprabone
Dene ta nuli sinelan
Liyane teka para”
Sang Prabu lajeng andeku
Wus wikan titah Bathara

Lajeng angguru sayekti
Sang-a Prabu Jayabaya
Mring Sang raja pandhitane
Rasane Kitab Musarar
Wus tunumlak sadaya
Lan enget wewangenipun
Yen kantun nitis ping tiga

Benjing pinernahken nenggih
Sang-a Prabu Jayabaya
Aneng sajroning tekene
Ing guru Sang-a Pandhita
Tinilar aneng Kabah
Imam Supingi kang nggadhuh
Kinarya nginggahken kutbah

Ecis wesi Udharati
Ing tembe ana Molana
Pan cucu Rasul jatine
Alunga mring Tanah Jawa
Nggawa ecis punika
Kinarya dhuwung puniku
Dadi pundhen bekel Jawa

Raja Pandhita apamit
Musna saking palenggahan
Tan antara ing lamine
Pan wus jangkep ing sewulan
Kondure Sang Pandhita
Kocapa wau Sang Prabu
Animbali ingkang putra

Tan adangu nulya prapti
Apan ta lajeng binekta
Mring kang rama ing lampahe
Minggah dhateng ardi Padhang
Kang putra lan keng rama
Sakpraptaning ing gunung
Minggah samdyaning arga

Wonten ta ajar satunggil
Anama Ajar Subrata
Pan arsa methuk lampahe
Mring Sang Prabu Jayabaya
Ratu kang namur lampah
Tur titit Bathara Wisnu
Njalama Prabu Jayabaya

Dadya Sang Jayabaya ji
Waspada reh samar-samar
Kinawruhan sadurunge
Lakune jagad karana
Tindhake raja-raja
Saturute laku putus
Kalawan gaib sasmita

Yen Islama kadi nabi
Ri Sang aji Jayabaya
Cengkrameng ardi wus suwe
Apanggih lawan ki Ajar
Ajar ing gunung Padhang
Awindon tapane guntur
Dadi barang kang cinipta

Gupuh methuk ngacarani
Wus tata denya alenggah
Ajar angundang endhange
Siji nyunggi kang rampadan
Isine warna-warna
Sapta warna kang sesuguh
Kawolu lawan ni endang

Juwadah kehe satakir
Lan bawang putih satalam
Kembang melathi saconthong
Kalawan getih sapitrah
Lawan kunir sarimpang
Lawan kajar sawit iku
Kang saconthong kembang mojar

Kawolu endhang sawiji
Ki Ajar pan atur sembah
“Punika sugataningong
Katura dhateng paduka”
Sang Prabu Jayabaya
Awas denira andulu
Sedhet anarik curiga

Ginoco ki Ajar mati
Endhange tinuweng pejah
Dhuwung sinarungken age
Cantrike sami lumajar
Ajrih dhateng sang nata
Sang Rajaputra gegetun
Mulat solahe kang rama

Arsa matur putra ajrih
Lajeng kondur sekaliyan
Sapraptanira kedhaton
Pinarak lan ingkang putra
Sumiwi munggweng ngarsa
Angandika Sang-a Prabu
Jayabaya mring kang putra

“Heh putraningsun ta kaki
Sira wruh solahing Ajar
Iya kang mati dening ngong
Adosa mring guruningwang
Jeng Sultan Maolana
Ngali Samsujen ta iku
Duk maksih sami nom-noman

Sinom
Pan iku wus winejang
Mring guru Pandhita Ngali
Rasane kitab Musarar
Iya padha lawan mami
Nanging anggelak janji
Cupet lelakoning ratu
Iya ing tanah Jawa
Ingsun pan wus den wangeni
ari loro kaping telune ta ingwang

Yen wis anitis ping tiga
Nuli ana jaman maning
Liyane panggaweningwang
Apan uwus den wangeni
Mring pandhita ing nguni
Tan kena gingsir ing besuk
Apan Maolana Ngali
Jaman catur semune segara asat

Mapan iku ing Jenggala
Lawan iya ing Kediri
Ing Singasari Ngurawan
Patang ratu iku maksih
Bubuhan ingsun kaki
Mapan ta durung kaliru
Negarane raharja
Rahayu kang bumi-bumi
Pan wus wenang anggempur kang dora cara

Ing nalika satus warsa
Rusake negara kaki
Kang ratu patang negara
Nuli salin alam malih
Ingsun nora nduweni
Nora kena milu-milu
Pan ingsun wus pinisah
Lan sedulur bapa kaki
Wus ginaib prenahe panggonan ingwang

Ana sajroning kekarah
Ing tekene guru mami
Kang nama raja pandhita
Sultan Maolana Ngali
Samsujen iku kaki
Kawruhana ta ing mbesuk
Saturun turunira
Nuli ana jaman maning
Anderpati arane Kalawisesa

Apan sira linambangan
Sumilir kang naga kentir
Semune liman pepeka
Pejajaran kang negari
Ilang tingkahing becik
Negara kramane suwung
Miwah yudanegara
Nora ana anglabeti
Tan adil satus taun nuli sirna

Awit perang padha kadang
Dene pametune bumi
Wong cilik pajeke emas
Sawab ingsun den suguhi
Marang si Ajar dhingin
Kunir ta ingsun
Nuli asalin jaman
Majapahit kang nagari
Iya iku Sang-a Prabu Brawijaya

Jejuluke Sri Narendra
Peparab Sang Rajapati
Dewanata alam ira
Ingaranan Anderpati
Samana apan nenggih
Lamine sedasa windu
Pametuning nagara
Wedale arupa picis
Sawab ingsun den suguhi mring si Ajar

Juwadah satakir iya
Sima galak semu nenggih
Curiga kethul kang lambang
Sirna salin jaman maning
Tanah Gelagah wangi
Pan ing Demak kithanipun
Kono ana agama
Tetep ingkang amurwani
Ajejuluk Diyati Kalawisaya

Swidak gangsal taun sirna
Pan jumeneng Ratu adil
Para wali lan pandhita
Sadaya pan samya asih
Pametune wong cilik
Ingkang katur marang Ratu
Rupa picis lan uwang
Sawab ingsun den suguhi
Kembang mlathi mring ki Ajar gunung Padhang

Kaselak kampuhe bedhah
Kekesahan durung kongsi
Iku lambange dyan sirna
Nuli ana jaman maning
Kalajangga kang nami
Tanah Pajang kuthanipun
Kukume telat Demak
Tan tumurun marang siwi
Tigang dasa enem taun nuli sirna

Semune lambang Cangkrama
Putung ingkang watang nenggih
Wong ndesa pajege sandhang
Picis ingsun den suguhi
Iya kajar sauwit
Marang si Ajar karuhun
Nuli asalin jaman
Ing Mataram kang nagari
Kalasakti Prabu Anyakrakusumo

Kinalulutan ing bala
Kuwat prang ratune sugih
Keringan ing nungsa Jawa
Tur iku dadi gegenti
Ajar lan para wali
Ngulama lan para nujum
Miwah para pandhita
Kagelang dadi sawiji
Ratu dibya ambeg adil paramarta

Sudibya apari krama
Alus sabaranging budi
Wong cilik wadale reyal
Sawab ingsun den suguhi
Arupa bawang putih
Mring ki Ajar iku mau
Jejuluke negara
Ratune ingkang miwiti
Surakarta semune lintang sinipat

Nuli kembang sempol tanpa
Modin sreban lambang nenggih
Panjenengan kaping papat
Ratune ingkang mekasi
Apan dipun lambangi
Kalpa sru kanaka putung
Satus taun pan sirna
Wit mungsuh sekutuh sami
Nuli ana nakoda dhateng merdagang

Iya aneng tanah Jawa
Angempek tanah sethithik
Lawas-lawas tumut aprang
Unggul sasolahe nenggih
Kedhep neng tanah Jawi
Wus ngalih jamanireku
Maksih turun Mataram
Jejuluke kang negari
Nyakrawati kadhatone tanah Pajang

Ratu abala bacingah
Keringan ing nuswa Jawi
Kang miwiti dadi raja
Jejuluke Layon Keli
Semu satriya brangti
Iya nuli salin ratu
Jejuluke sang nata
Semune kenyo musoni
Nora lawas nuli salin panjenengan

Dene jejuluke nata
Lung gadhung rara nglingkasi
Nuli salin gajah meta
Semune tengu lelaki
Sewidak warsa nuli
Ana dhawuhing bebendu
Kelem negaranira
Kuwur tataning negari
Duk semana pametune wong ing ndesa

Dhuwit anggris lawan uwang’
Sawab ingsun den suguhi
Rupa getih mung sapitrah
Nuli retu kang nagari
Ilang barkating bumi
Tatane Parentah rusuh
Wong cilik kesrakatan
Tumpa-tumpa kang bilahi
Wus pinesthi nagri tan kena tinambak

Bojode ingkang negara
Narendra pisah lan abdi
Prabupati sowang-sowang
Samana nglaih nagari
Jaman Kutila genti
Kara murka ratunipun
Semana linambangan
Dene Maolana Ngali
Panji loro semune Pajang Mataram

Nakodha melu wasesa
Kadhuk bandha sugih wani
Sarjana sirep sadaya
Wong cilik kawelas asih
Mah omah bosah-basih
Katrajang marga agung
Panji loro dyan sirna
Nuli Rara ngangsu sami
Randha loro nututi pijer tetukar

Tan kober paes sarira
Sinjang kemben tan tinolih
Lajengipun sinung lambang
Dene Maolana Ngali
Samsujen Sang-a Yogi
Tekane jaman Kala Bendu
Ing Semarang Tembayat
Poma den samya ngrawuhi
Sasmitane lambang kang kocap punika

Dene pajege wong ndesa
Akeh warninira sami
Lawan pajeg mundhak-mundhak
Yen panen datan maregi
Wuwuh suda ing bumi
Wong dursila saya ndarung
Akeh dadi durjana
Wong gedhe atine jail
Mundhak taun mundhak bilahining praja

Kukum lan yuda nagara
Pan nora na kang nglabeti
Salin-salin kang parentah
Aretu patraping adil
Kang bener-bener kontit
Kang bandhol-nbandhol pan tulus
Kang lurus- lurus rampas
Setan mindha wahyu sami
Akeh lali mring Gusti miwah wong tuwa

Ilang kawiraningdyah
Sawab ingsun den suguhi
Mring ki Ajar Gunung Padhang
Arupa endang sawiji
Samana den etangi
Jaman pitung atus
Pitung puluh pan iya
Wiwit prang tan na ngaberi
Nuli ana lamate negara rengka

Akeh ingkang gara-gara
Udan salah mangasa prapti
Akeh lindhu lan grahana
Dalajate salin-salin
Pepati tanpa aji
Anutug ing jaman sewu
Wolung atus ta iya
Tanah Jawa pothar pathir
Ratu Kara Murka Kuthila pan sirna

Dene besuk nuli ana
Tekane kang Tunjung Putih
Semune Pudhak kasungsang
Bumi Mekah dennya lair
Iku kang angratoni Jagad kabeh ingkang mengku
Juluk Ratu Amisan Sirep musibating bumi
Wong nakoda milu manjing ing samuwan

Prabu tusing waliyulah
Kadhatone pan kekalih
Ing Mekah ingkang satunggal Tanah Jawi kang sawiji
Prenahe iku kaki Perak lan gunung Perahu
Sakulone tempuran Balane samya jrih sajagad
Kono ana pangapura
Ajeg kukum lawan adil
Wong cilik pajege dinar
Sawab ingsun den suguhi Iya kembang saruni
Mring ki Ajar iku mau Ing nalika semana
Mulya jenenging narpati
Tur abagus eseme lir madu puspa

Dhandhanggula

Langkung arja jamaning narpati
Nora nana pan ingkang nanggulang
Wong desa iku wadale
Kang duwe pajeg sewu
Pan sinuda dening Narpati
Mung metu satus dinar
Mangkana winuwus
Jamanira pan pinetang
Apan sewu wolungatus anenggih
Ratune nuli sirna

Ilang tekan kadhatone sami
Nuli rusak iya nungsa Jawi
Nora karuwan tatane
Pra nayaka sadarum
Miwah manca negara sami
Padha sowang-sowangan
Mangkana winuwus
Mangka Allahu Tangala
Anjenengaken Sang Ratu Asmarakingkin
Bagus maksih taruna

Iku mulih jeneng Narpati
Wadya punggawa sujud sadaya
Tur padha rena prentahe
Kadhatone winuwus
Ing Kediri ingkang satunggil
Kang siji tanah Ngarab
Karta jamanipun Duk semana pan pinetang
Apan sewu luwih sangang atus anenggih
Negaranira rengka

Wus ndilalah kersaning Hyang Widhi
Ratu Perangi anulya prapta
Wadya tambuh wilangane
Prawirane kalangkung
Para ratu kalah ngajurit
Tan ana kang nanggulang
Tanah Jawa gempur
Wus jumeneng tanah Jawa
Ratu Prenggi ber budi kras anglangkungi
Tetep neng tanah Jawa

Enengana Sang Nateng Parenggi Prabu ing Rum ingkang ginupta

Lagya siniwi wadyane Kya patih munggweng ngayun
Angandika Sri Narapati
“Heh patih ingsun myarsa
Tanah Jawa iku
Ing mangke ratune sirna
Iya perang klawan Ratu Prenggi
Tan ana kang nanggulangi

Iku patih mengkata tumuli
Anggawaa ta sabalanira
Poma tundhungen den age
Yen nora lunga iku
Nora ingsun lilani mulih”
Ki Patih sigra budhal
Saha balanipun
Ya ta prapta tanah Jawa
Raja Prenggi tinundhung dening ki Patih Sirna sabalanira

Nuli rena manahe wong cilik
Nora ana kang budi sangsaya
Sarwa murah tetukone
Tulus ingkang tinandur
Jamanira den jujuluki
Gandrung-gandrung neng marga
Andulu wong gelung
Kekendon lukar kawratan
Keris parung dolen tukokena nuli
Campur bawur mring pasar

Sampun tutug kalih ewu warsi
Sunya ngegana tanpa tumingal
Ya meh tekan dalajate
Yen kiamat puniku
Ja majuja tabatulihi
Anuli larang udan
Angin topan rawuh
Tumangkeb sabumi alam
Saking kidul wetan ingkang andhatengi
Ambedhol ponang arga
    

——————————————————————————–

Kitab Musarar inganggit = kitab ini dibuat
Duk Sang Prabu Jayabaya = pada jaman prabu Jayabaya
Ing Kediri kedhatone = istananya terletka di Kediri
Ratu agagah prakosa = raja yang gagah sentosa
Tan ana kang malanga = tidak ada yang bisa mengalahkan
Parang muka samya teluk = musuh bertekuk lutut
Pan sami ajrih sedaya = semua takut (pada sang raja)

Milane sinungan sakti = karena memiliki kesaktian
Bathara Wisnu punika = dimana Bathara Wisnu
Anitis ana ing kene = menitis di sini
Ing Sang Prabu Jayabaya = di badan sang prabu Jayabaya
Nalikane mangkana = pada saat itu
Pan jumeneng Ratu Agung = menjadi raja besar
Abala para Narendra = memiliki pasukan para raja

Wusnya mangkana winarni = selang beberapa lama
Lami-lami apeputra = akhirnya berputera
Jalu apekik putrane = laki-laki tampan wajahnya
Apanta sampun diwasa = setelah dewasa
Ingadekan raja = dinobatkan menjadi raja muda
Pagedhongan tanahipun = di daerah pagedogan
Langkung arja kang nagara = negaranya makmur

Maksihe bapa anenggih = kembali pada sang raja
Langkung suka ingkang rama = sedang bersuka ria
Sang Prabu Jayabayane = Sang Prabu Jayabaya
Duk samana cinarita = pada saat itu diceritakan
Pan arsa katamiyan = mendapat kunjungan seorang tamu
Raja Pandhita saking Rum = pendita raja dari Rum (Turki?)
Nama Sultan Maolana = Sultan Maulana

Ngali Samsujen kang nami = bernama Ngali Samsujen (Ali Syamsudin)
Sapraptane sinambrama = kedatangan sang tamu
Kalawan pangabektine = dengan restunya
Kalangkung sinuba suba = kemudian mendapat sanjungan
Rehning tamiyan raja = karena tamu raja
Lan seje jinis puniku = dan berbeda jenis (ras)
Wenang lamun ngurmatana = maka berhak untuk dihormati

Wus lengah atata sami = setelah duduk bersama
Nuli wau angandika = kemudian berkata
Jeng Sultan Ngali Samsujen = Sultan Ngali Samsujen
“Heh Sang Prabu Jayabaya = “Hai Sang Prabu Jayabaya
Tatkalane ing sireku = menurut
Kandhane Kitab Musarar = yang dikatakan Kitab Musarar

Prakara tingkahe nenggih = mengenai perkara
Kari ping telu lan para = tinggal tujuh kali (silsilah kerajaan)
Nuli cupet keprabone = kemudian akan musnah istanyanya (runtuh kerajaan)
Dene ta nuli sinelan = kemudian akan disusul
Liyane teka para” = raja kemudian”
Sang Prabu lajeng andeku = Sang Prabu kemudian memahami
Wus wikan titah Bathara = sudah menjadi kehendak Tuhan

Lajeng angguru sayekti = kemudian sang prabu berguru
Sang-a Prabu Jayabaya = Sang Prabu Jayabaya
Mring Sang raja pandhitane = kepada ******* raja tersebut
Rasane Kitab Musarar = sampai rasanya seluruh kitab Musarar
Wus tunumlak sadaya = sudah ditumpahkan semua
Lan enget wewangenipun = dan ingat pada janjinya
Yen kantun nitis ping tiga = kalau tinggal menitis tiga kali lagi
Yen wis anitis ping tiga = kalau sudah menitis ketiga
Nuli ana jaman maning = akan ada jaman lagi
Liyane panggaweningwang = pekerjaanku yang lain lagi
Apan uwus den wangeni = karena sudah ditetapkan
Mring pandhita ing nguni = kepada ******* terdahulu
Tan kena gingsir ing besuk = tidak boleh berubah nantinya
Apan Maolana Ngali = oleh ******* Maulana Ngali
Jaman catur semune segara asat = (merupakan makna dari candra sangkala, berarti angka)

Mapan iku ing Jenggala = berada di Jenggala
Lawan iya ing Kediri = sisi lain dari Kediri
Ing Singasari Ngurawan = di Singasari Ngurawan
Patang ratu iku maksih = karena rajannya
Bubuhan ingsun kaki = masih keturunanku
Mapan ta durung kaliru = kalau tidak keliru
Negarane raharja = negaranya sejahtera
Rahayu kang bumi-bumi = makmur
Pan wus wenang anggempur kang dora cara = karena sudah berani menghancurkan kedurjanaan

Ing nalika satus warsa = setelah seratus tahun
Rusake negara kaki = negaranya rusak
Kang ratu patang negara = raja dari empat negara
Nuli salin alam malih = kemudian akan berganti jaman lagi
Ingsun nora nduweni = aku tidak dipernankan
Nora kena milu-milu = untuk campur tangan
Pan ingsun wus pinisah = karena sudah terpisah
Lan sedulur bapa kaki = keadaan
Wus ginaib prenahe panggonan ingwang = sudah berada di alam gaib

Ana sajroning kekarah = dalam genggaman
Ing tekene guru mami = tongkat guruku
Kang nama raja pandhita = yang bernama raja pandeta
Sultan Maolana Ngali = sang Maulana Ngali
Samsujen iku kaki = Samsujen
Kawruhana ta ing mbesuk = ketahuilah nanti
Saturun turunira = beserta keturunanmu
Nuli ana jaman maning = akan ada jaman lagi
Anderpati arane Kalawisesa = yang bernama Kalawisesa

Apan sira linambangan = yang dilambangkan
Sumilir kang naga kentir
Semune liman pepeka
Pejajaran kang negari = negara pajajaran
Ilang tingkahing becik = rusak kebaikannya
Negara kramane suwung = negaranya kosong
Miwah yudanegara = beserta para pejabatnya
Nora ana anglabeti = tidak ada yang menempati
Tan adil satus taun nuli sirna = setelah 100 tahun akan musnah

Awit perang padha kadang = karena perang saudara
Dene pametune bumi = penghasilan negara
Wong cilik pajeke emas = rakyat kecil pajaknya emas
Sawab ingsun den suguhi = karena aku disuguhi
Marang si Ajar dhingin = oleh si Ajar
Kunir ta ingsun = kunyit
Nuli asalin jaman = kemudian berganti jaman
Majapahit kang nagari = bernama negara Majapahit
Iya iku Sang-a Prabu Brawijaya = rajanya bernama Prabu Brawijaya

Jejuluke Sri Narendra = gelarnya Sri Narendra
Peparab Sang Rajapati = dijuluki sang Rajapati
Dewanata alam ira = bertempat di alam kedewaan
Ingaranan Anderpati = bernama Anderpati
Samana apan nenggih = berkuasa selama
Lamine sedasa windu = sepuluh windu
Pametuning nagara = penghasilan negara
Wedale arupa picis = hasil tambang
Sawab ingsun den suguhi mring si Ajar = karena aku disuguhi oleh si Ajar

Juwadah satakir iya = jadah (makanan ketan) secangkir
Sima galak semu nenggih = dilambangkan
Curiga kethul kang lambang = sima galak curiga kethul (tahun)
Sirna salin jaman maning = setelah musnah berganti jaman kembali
Tanah Gelagah wangi = di tanah Gelagah Wangi
Pan ing Demak kithanipun = beribu kota di Demak
Kono ana agama = di situ ada agama baru
Tetep ingkang amurwani = yang berkuasa
Ajejuluk Diyati Kalawisaya = bergelar Diyati Kalawisaya

Swidak gangsal taun sirna = setelah 65 tahun kemudian musnah
Pan jumeneng Ratu adil = yang menjadi Raja adil
Para wali lan pandhita =
Sadaya pan samya asih = dikasihi para wali dan *******
Pametune wong cilik = penghasilan rakyat kecil
Ingkang katur marang Ratu = kepada rajanya
Rupa picis lan uwang = berupa hasil tambang da uang
Sawab ingsun den suguhi = karena aku disuguhi
Kembang mlathi mring ki Ajar gunung Padhang = bunga melati oleh ki Ajar Gunung Padhang

Kaselak kampuhe bedhah = setelah pecah
Kekesahan durung kongsi = belum sempat mengungsi
Iku lambange dyan sirna = dilambangkan padamnya lampu
Nuli ana jaman maning = kemudian ada jaman lagi
Kalajangga kang nami = yang bernama Kalajangga
Tanah Pajang kuthanipun = Beribu kota di Pajang
Kukume telat Demak = tidak menggunakan aturan Demak
Tan tumurun marang siwi = tidak diturunkan kepada anaknya
Tigang dasa enem taun nuli sirna = setelah 36 tahun kemudian musnah

Semune lambang Cangkrama = dilambangkan dengan Cangkrama
Putung ingkang watang nenggih
Wong ndesa pajege sandhang = orang desa pajaknya pakaian
Picis ingsun den suguhi = hasil bumi aku disuguhi
Iya kajar sauwit
Marang si Ajar karuhun = oleh si Ajar
Nuli asalin jaman = kemudian berganti jaman
Ing Mataram kang nagari = negara Mataram
Kalasakti Prabu Anyakrakusumo = diperintah Prabu Anyakrakusumo

Kinalulutan ing bala = ditaati oleh tentaranya
Kuwat prang ratune sugih = rajanya kaya dan kuat berperang
Keringan ing nungsa Jawa = dihormati di tanah Jawa
Tur iku dadi gegenti = merupakan pengganti
Ajar lan para wali = para ajar dan wali
Ngulama lan para nujum = ulama dan ahli nujum
Miwah para pandhita = juga para *******
Kagelang dadi sawiji = semua menjadi satu
Ratu dibya ambeg adil paramarta = raja sakti adil bijaksana

Sudibya apari krama = berilmu tinggi
Alus sabaranging budi = berbudi halus
Wong cilik wadale reyal = orang kecil pajaknya real
Sawab ingsun den suguhi = karena aku disuguhi
Arupa bawang putih = berupa bawang putih
Mring ki Ajar iku mau = oleh ki Ajar
Jejuluke negara = negara dijuluki
Ratune ingkang miwiti = oleh rajanya, Surakarta
Surakarta semune lintang sinipat

Nuli kembang sempol tanpa
Modin sreban lambang nenggih = dilambangkan kembang sempol tanpa
Modin sreban
Panjenengan kaping papat = dipimpin empat kali
Ratune ingkang mekasi = raja terakhir
Apan dipun lambangi = sudah dilambangkan
Kalpa sru kanaka putung
Satus taun pan sirna = setelah 100 tahun kemudian musnah
Wit mungsuh sekutuh sami = diperangi oleh sekutunya sendiri
Nuli ana nakoda dhateng merdagang = kemudian ada nahkoda datang berdagang

Iya aneng tanah Jawa = di tanah Jawa
Angempek tanah sethithik = merampas tanah sedikit demi sedikit
Lawas-lawas tumut aprang = lama2 ikut berperang
Unggul sasolahe nenggih = menang perangnya
Kedhep neng tanah Jawi = di pulau Jawa
Wus ngalih jamanireku = pada saat itu sudah berganti jaman
Maksih turun Mataram = walau masih keturunan Mataram
Jejuluke kang negari = negaranya berjuluk
Nyakrawati kadhatone tanah Pajang = Hanyakrawati, beribukota di Pajang

Ratu abala bacingah = rajanya memiliki pasukan bacingah (bangsa buto/kumpeni)
Keringan ing nuswa Jawi = di tanah Jawa
Kang miwiti dadi raja = yang menjadi raja
Jejuluke Layon Keli = berjukuj Layon Keli
Semu satriya brangti
Iya nuli salin ratu = setelah berganti kekuasaan
Jejuluke sang nata = berjuluk
Semune kenyo musoni
Nora lawas nuli salin panjenengan = tidak lama berganti pemerintahan lagi

Dene jejuluke nata = rajanya berjuluk
Lung gadhung rara nglingkasi
Nuli salin gajah meta
Semune tengu lelaki
Sewidak warsa nuli = berkuasa 60 tahun
Ana dhawuhing bebendu = kena bencana
Kelem negaranira = rusak negaranya
Kuwur tataning negari = rusak hukum negara
Duk semana pametune wong ing ndesa = pada saat itu pemasukan rakyat desa

Dhuwit anggris lawan uwang’ = uang inggris
Sawab ingsun den suguhi = karena aku disuguhi
Rupa getih mung sapitrah = darah secangkir
Nuli retu kang nagari = kemudian raja negri
Ilang barkating bumi = hilang kemakmuran bumi
Tatane Parentah rusuh = aturan pemerintahan rusak
Wong cilik kesrakatan = rakyat kecil menderita
Tumpa-tumpa kang bilahi = terkena bencana berulang-ulang
Wus pinesthi nagri tan kena tinambak = sudah menjadi ketetapn negara tidak berpenghasilan

Bojode ingkang negara = rusaknya negara
Narendra pisah lan abdi = pejabat memisahkan diri dari rakyat
Prabupati sowang-sowang = para bupati memerintah sendiri2
Samana nglaih nagari = kemudian berganti pemerintahan
Jaman Kutila genti = jaman Kutila
Kara murka ratunipun = rajanya serakah
Semana linambangan = yang dilambangkan
Dene Maolana Ngali = oleh Maulana Ngali
Panji loro semune Pajang Mataram

Nakodha melu wasesa = nahkoda (pedagang) ikut memerintah
Kadhuk bandha sugih wani = karena memiliki kekayaan dan keberanian
Sarjana sirep sadaya = orang pandai tidak ada yang muncul
Wong cilik kawelas asih = rakyat kecil nasibnya sengsara
Mah omah bosah-basih = rumah berantakan
Katrajang marga agung = terkena pelebaran jalan
Panji loro dyan sirna = rambu2 jalan dan peneranga hilang semua
Nuli Rara ngangsu sami = gadis2 mencari air
Randha loro nututi pijer tetukar = dua janda saling bertukar

Tan kober paes sarira = tidak sempat berdandan
Sinjang kemben tan tinolih = tidak sempat memantas diri
Lajengipun sinung lambang = kemudian dilambangkan
Dene Maolana Ngali = oleh Maulana Ngali
Samsujen Sang-a Yogi = ya Mahayogi Samsujen
Tekane jaman Kala Bendu = datangnya jaman Kalabendu
Ing Semarang Tembayat = di Semarang Tembayat
Poma den samya ngrawuhi = pada berdatangan
Sasmitane lambang kang kocap punika = demikian yang dikatakan

Dene pajege wong ndesa = pajaknya orang desa
Akeh warninira sami = banyak sekali
Lawan pajeg mundhak-mundhak = dan senantiasa naik terus
Yen panen datan maregi = hasil panen tidak mengenyangkan
Wuwuh suda ing bumi = hasil bumi semakin berkurang
Wong dursila saya ndarung = orang jahat semakin berani
Akeh dadi durjana = banyak orang menjadi jahat
Wong gedhe atine jail = orang besar berhati jahat
Mundhak taun mundhak bilahining praja = semakin tahun semakin hancur keadaan negara

Kukum lan yuda nagara = hukum dan aturan
Pan nora na kang nglabeti = tidak ada yang ditaati
Salin-salin kang parentah = berganti-ganti aturan
Aretu patraping adil = dengan nama keadilan
Kang bener-bener kontit = yang benar2 menyusahkan
Kang bandhol-nbandhol pan tulus = dan tidak iklas
Kang lurus- lurus rampas = yang berjalan lurus disalahkan
Setan mindha wahyu sami = setan berkedok wahyu
Akeh lali mring Gusti miwah wong tuwa = banyak orang lupa kepada Tuhan dan orang tua

Ilang kawiraningdyah = hilang kehormatan gadis
Sawab ingsun den suguhi = sebab aku disuguhi
Mring ki Ajar Gunung Padhang = oleh ki ajar Padhang
Arupa endang sawiji = berupa seorang gadis
Samana den etangi = kalau dinyatakan angka
Jaman pitung atus = jaman tujuh ratus
Pitung puluh pan iya = tujuh puluh
Wiwit prang tan na ngaberi = mulai rusuh tidak berkesudahan
Nuli ana lamate negara rengka = kemudian negara mulai rusak

Akeh ingkang gara-gara = banyak bencana
Udan salah mangasa prapti = hujan tidak pada waktunya
Akeh lindhu lan grahana = banyak gempa dan gerhana
Dalajate salin-salin = bentuknya berganti-ganti
Pepati tanpa aji = banyak kematian
Anutug ing jaman sewu = sampai pada jaman
Wolung atus ta iya = 1800
Tanah Jawa pothar pathir = tanah Jawa semrawut
Ratu Kara Murka Kuthila pan sirna = raja serakah kemudian mati

Dene besuk nuli ana = kemudian akan datang
Tekane kang Tunjung Putih = datangnya Tanjung Putih
Semune Pudhak kasungsang
Bumi Mekah dennya lair = lahirnya di bumi Mekah
Iku kang angratoni Jagad kabeh ingkang mengku = akan menguasai seluruh dunia
Juluk Ratu Amisan Sirep musibating bumi = berjuluk Raja Amisan yang akan meredam bencana
di bumi
Wong nakoda milu manjing ing samuwan = pedagang ikut menghadap

Prabu tusing waliyulah = raja yang juga wali Allah
Kadhatone pan kekalih = beribu kota dua
Ing Mekah ingkang satunggal Tanah Jawi kang sawiji = di Jawa dan Mekah
Prenahe iku kaki Perak lan gunung Perahu = letaknya di kaki Perak dan gunung Perahu
Sakulone tempuran Balane samya jrih sajagad = di sebelah barat pertemuan sungai, pasukannya
ditakuti di seluruh dunia
Kono ana pangapura = di situ ada pengampunan
Ajeg kukum lawan adil = hukum ditegakkan dengan adil
Wong cilik pajege dinar = orang kecil pajaknya dinar
Sawab ingsun den suguhi Iya kembang saruni = karena aku disuguhi bunga seruni
Mring ki Ajar iku mau Ing nalika semana = oleh ki Ajar
Mulya jenenging narpati = rajanya diberi kemuliaan
Tur abagus eseme lir madu puspa = senyumnya menawan

Lihat Juga :